TEKS PEDHALANGAN “CUPUMANIK ASTAGINA”

LAKON “CUPUMANIK ASTAGINA”

DHALANG: KI ENTHUS SUSMONO

Manuk I          : “He kang.”

Manuk II         : “Ana apa dhi?”

Manuk I          : “Ki dhonge sapa sih?”

Manuka II       : “Endi?

Manuk I          : “Kiye, bentuke kaya mbingungi temen, blegere kaya menungsa dening raine kaya kethek, Kang?”

Manuk II         : “Wus, ki biyen rupane bagus, anak kyai arane Raden Guwarsa.”

Manuk I          : “Idih dih dih dih, bisane dadi rocak racik wujude dadi kethek kaya kiye asal usule primen Kang?”

Manuk II         : “Koen pengen ngerti?”

Manuk I          : “Nyong pengen ngerti sejarahe bisane kiye Raden Subali bisa dadi kethek primen?”

Manuk II         : “Ki kaya kiye nyong tak crita ya, critane Raden Subali.”

Guarsa : “He Kakang Mbok Anjani.”

Anjani : “Apa Yayi Guarsa?”

Guarsa : “Pepethan sing ana aneng tanganmu kuwi kok delokane apik temen, mara jajal aku melu nyilih sedhela wae Kakang Mbok.”

Anjani : “Aja ya Dhi, iki dudu dolanane bocah lanang ya Dhi.”

Guarsi  : “Kakang Mbok, aku nyilih sedhela wae Kakang Mbok, aku mung kepengen ndelok.”

Anjani : “Aja Yayi Guarsi, kowe ora nduweni wewenang.”

Guarsa : “Sedhela wae, mengko tak balekake.”

Anjani : “Aja ya Dhi, iki darbekku ya Dhi, iki duwekku ya Yayi.” (banjur lunga)

Guarsa : “Weladalah, piye Dhi?”

Guarsi  : “Halah, dioyak wae, direbut dolanane.”

Guarsa : “Ayo Yayi!” (Guarsa lan Guarsi banjur ngoyak Anjani)

(Anjani bengak bengok dioyak dening Guarsa lan Guarsi)

Anjani             : “Rama, Ibu, nyuwun tulung, Ibu.”

(Sang Resi Gotama rawuh karo garwane)

Anjani             : “Tulung, tulung, Rama, Ibu.”

Resi Gotama   : “Eladalah, lho lho lho kaya Anjani, ana apa bocah ko mbengok mbengok wae.”

Anjani             : “Rama.”

Resi Gotama   : “Dhuh Gusti nyuwun pangapura, Anjani, Anjani, kula Rama. Kowe kok mbengok mbengok, ambeganmu melar mingkus, kringetmu dlaweran, ana apa Ndhuk?”

Anjani             : “Aku dioyak-oyak karo adhiku Guarsa klawan Guarsi Rama.”

Resi Gotama   : “Lho lho, dioyak-oyak karo adhimu?”

Anjani             : “Inggih Rama.”

Resi Gotama   : “He Guarsi lan kuwi Guarsa, kena ngapa kokkowe ngoyak-oyak Mbak Ayumu?”

Guarsa             : “Nggih, kepareng matur Rama, wontenipun Kakang Mbok Anjani menika kula oyak-oyak jalaran wonten setunggaling bab ingkang miturut kula menika ngganjel wonten salebeting manah.”

Reso Gotama  : “Lho, ngganjel kepiye?”

Guarsa             : “Inggih Rama, kenging menapa Kanjeng Rama menika maringi dedolanan namung kaliyan Kakang Mbok Anjani? Kula kaliyan Yayi Guarsi menika boten? Ingkang mekaten Paduka menika saged kula wastani wong tuwa ingkang emban cinde emban siladan, pilih kasih.”

Resi Gotama   : “Lho lho, mengko dhisik, lha kok kowe nduweni atur kaya ngono kuwi kepiye nalare ngger?”

Guarsi              : “Wahahaha Rama sampun kombe, cobi kula aturi maspasthekaken, pepethan ingkang dipunasta dening Kakang Mbok Anjani ingkang sanget endah menika sinten ingkang maringi menawi boten Paduka, Kanjeng Rama?”

Resi Gotama   : “Lho, rumangsaku aku ora tau paring apa-apa karo Anjani. Anjani.”

Anjani             : “Wonten dhawuh Rama.”

Resi Gotama   : “Jajal, dolananmu sing aneng tanganmu kuwi gawa mrene jajal.” (Anjani ngaturke Cupu Manik Asthagina marang Ramane)

Resi Gotama   : “Lho, Cupu Manik Asthagina? Anjani, iki jenenge Cupu Manik Asthagina, iki pusaka kahyangan, manungsa lemah ora wajib kedhodhokan, kena ngapa kok tumiba ing tanganmu, Anjani? Saka sapa? Hem, sing paring Cupu Manik Asthagina menyang tanganmu kuwi sapa?”

Anjani             : “Inggih, ingkang paring Kanjeng Ibu, Rama.”

Resi Gotama   : “Ibumu? Dhuh, ibumu? Windarti, bojoku wong ayu, pun kakang ora tau paring pusaka Cupu Manik Asthagina menyang sliramu wong ayu, saka sapa? Cupu Manik iki ska sapa? Windarti? Windarti? Oh ho, Windarti, Windarti, sulistyaning warnamu, rupamu ingkang ayune kaya widodari jebulane ngandhut wisa, kowe nyepelekake Kang Resi Gotama, kowe nyepelekake karo aku, Windarti, kowe ora jujur karo pun Kakang, Yayi. Oh Windarti, kowe selingkuh Windarti. Windarti, sapa sing paring pusaka Cupu Manik Asthagina iki hem? Ditakoni kok meneng wae, kok kaya tugu kowe hem?” (Windarti malih dadi tugu)

Anjani, Guarsa, Guarsi: “Ibu… Ibu …Ibu….”

Anjani             : “Dhuh, Kanjeng Rama, kula aturi njabel supata Paduka Kanjeng Rama, kula aturi mangsulaken dhumateng wewujudan sekawit Kanjeng Ibu. Dhuh Rama, kula aturi paring pangaksama dhumateng Kanjeng Ibu, Rama.”

Guarsa             : “Oh Rama, kula ingkang nyuwunaken pangapunten dhumateng sadanten kelepatanipun Kanjeng Ibu, Rama. Menawi dados mekaten kedadosanipun, kados boten jumbuh kaliyan kelepatan Kanjeng Ibu, Rama.”

Resi Gotama   : “Anak-anakku, Ngger, uler ingkang wus dadi kupu ora bakal bisa dadi enthung maneh, penandhaning ibumu pancen wis trep ingkang jeneng ngundhuh wohing karma. Mula Ngger, tegakna rasaning atimu, tetegna jiwamu, ibumu kang wis wujud kaya mangkono kareben ora melang-melang sajeroning panyawang, tumuli bakal tak buncal tugu kuwi kareben lumaku lakuning jaman.” (Tugu duncalke dening Resi Gotama)

Resi Gotama   : “Cupu laknat…. (Cupu Manik Asthagina diuncalake, banjur Guarsa, Guarsi, lan Anjani ngoyak Cupu kasebut) Dhuh, Anjani, Guarsa, Guarsi, ya gene kelakone ibumu ora bisa dadi pengilon, angkara murkamu luwih menang timbang kasunyatan kang wis ana, kamangka makhluk ingkang senenge rebutan kuwi mung sipate kethek. Dhuh Gusti nyuwun pangapunten Gusti.”

(Kumleyang kabur kanginan, Cupu Manik Asthagina, rumambah cakrawala, mahayat ing wyati menginggil, nabrak langit-langit, kumesar dening swaraning angin, kegawa kilat thathit sisiring langit, cumolorot balik mangandhap, nendhang bumi, jumalegar swarane kaya halilintar mblabar dadiya tlaga Sumala)

(Guarsa lan Guarsi banjur nyemplung tlaga nggoleki Cupu Manik. Guarsa lan Guarsi malih dadi kethek)

Guarsa             : “He, Siluman kang njaga tlaga iki, balekna Cupu Manik Asthagina, kuwi darbekku.”

Guarsi              : “Wahaha mlaku klumah klumuh kedhisikan, kowe kang kudune mbalekake Cupu Manik menyang aku.”

Guarsa             : “Weladalah, ora mbalekake kelakon tak pencak ndhasmu, tak cukil polomu, mampro nyawamu.”

Guarsi              : “Majua, kaya ngapa, tak kethok-kethok bathangmu.”

(Guarsa lan Guarsi banjur perang, Guarsi kalah)

Guarsi              : “Dhuh Gusti, aku kalah, Kanjeng Rama, Kanjeng Ibu, kula nyuwun gesang, kula nyuwun tulung, Kang Mbok Anjani, Kakang Guarsa, aku pamit mati, Kakang, huhu.”

Guarsa             : “Lho, kowe kok nyebut-nyebut Anjani karo Guarsa? Kowe sapa?”

Guarsi              : “Aku Guarsi.”

Guarsa             : “Heh Guarsi? Oh Guarsi, oh adhiku yayi, aku Guarsa Yayi, oh. Yayi, jebulane aku klawan sira diwalik wujude, huhuhu saiki dadi kethek, Yayi.”

Guarsi              : “Oh Kakang. Kakang, bebendu apa iki kang tak sandhang Kakang.”

Guarsa             : “Oh Yayi. Oh Kanjeng Rama, ampun Kanjeng Rama.”

Anjani             : “Guarsa, Guarsi, aku kaya ngene Yayi, kowe ning ngendi?”

(Anjani ketemu karo Guarsa lan Guarsi)

Anjani             : “Yayi….”

Guarsa, Guarsi: “Kakang Mbok….”

(Resi Gotama rawuh)

Anjani             : “Kanjeng Rama, kula nyuwun pangapunten Kanjeng Rama. Kula nyuwun dipunwangsulaken dhateng wujud sekawit Rama”

Guarsa             : “Oh Rama, nyuwun ampun Rama.”

Guarsi              : “Nyuwun pangapunten Rama.”

Resi Gotama   : “Dhuh Gusti kang maha welas klawan asih, payungana panjenenganingsun. Ngger, Anjani, Guarsa, lan Guarsi, ingkang kagungan pangapura kuwi Gusti ingkang nggawe kodrat, ingkang kuwasa malik marang nasibe menungsa ya mung Gusti ingkang akarya jagad nanging sira sipating makhluk diwenangake wiradat. Sira Anjani, mara gage sira enggal wiradata, tetapaa ana Bengawan Yamuna niru pakartining kodok tegese tetapa nyanthuka aja pati-pati sira memangan kalamun ora ana panganan kang mlebu menyang tutukmu amerga keli dening ilining banyu. Guarsa, sira tumedhaka menyang Wana Sunyapringga, sira tetapaa ngalong tegese kaya pakartining kewan kalong aja pati-pati sira memangan kalamun ora ana woh-wohan lan godhong-godhongan. Minangka kanggo gawe nyamur rupa, sira aja nganggo aran Guarsa nanging sira nganggoa jeneng Subali. Guarsi, sira nututana marang tedhake sedulurmu tuwa,  nanging ora tetapa ngalong nanging sira tetapaa ngidang tegese anut pakartining kidang. Minangka kanggo gawe nyamur kawula marang jenengmu, aja Guarsi nanging jenengmu Sugriwa. Aja pati-pati sira memangan kalamun dudu sipat-sipating suket-suketan lan oyot-oyotan. Wis mara gage enggal anak-anakku, Anjani, Subali, lan kowe Sugriwa, tumedhaka sira nggone alam. Muga-muga Gusti ingkang akarya jagad paring wiradatmu.”

(Anjani, Subali, lan Sugriwa lunga tapa)

Manuk II         : “Kuwe, dadi kaya kuwe lelakone Raden Subali.”

Manuk I          : “E… dih, mung perkara rebutan Cupu bae bisa dadi kethek ya, Kang?”

Manuk II         : “Ya wis kaya kuwe mau, watake menungsa kuwi ya wis kaya kuwe, senengane rebutan, ora gelem trima, jajal, angger macan, apa ana macan mangan anake dhewek?”

Manuk I          : “Laka Kang, tapi angger menungsa, bapak mangan anake akeh Kang, gawe peraturan dhewek dilanggar dhewek, janji-janji dhewek dilanggar dhewek, wong kepengin diarani mlarat bae direwangi nyogok-nyogok mendah olih bantuan dana kompensasi ya Kang?”

Manuk II         : “Ah sing arane menungsa wis pancen kaya kuwe, kuwi menungsa, durung dhalang, ah ngrembug dhalang wis kaya wong ora karuan.”

Manuk I          : “Terus ki keprimen Kang? Nasibe ki terus primen?”

Manuk II         : “Nasibe, ndilalah, Raden Subali kuwe nambah tugas saka Dewa kongkong mbalikaken Dewi Tara.”

Manuk I          : “Widodari?”

Manuk II         : “Ya.”

Manuk I          : “Sih widodarine kenapa Kang?”

Manuk II         : “Widodarine dicolong karo ratu bantheng, arane Maesasura karo Lembusura.”

Manuk I          : “E… ki dijaluki tulung karo Dewa ya Kang ya?”

Manuk II         : “Wo wis begja nemen kok.”

Manuk I          : “Tuli keprimen critane?”

Manuk II         : “Critane kaya kiye.”

(Subali lan Sugriwa ketemu)

Subali              : “Yayi Sugriwa.”

Sugriwa           : “Apa, Kakang Subali?”

Subali              : “Apa temaremane si Adhi dene sira tak tangekake saka nggonmu tetapa karana pun kakang dina iki nampa nugraha saka jawata kinen ngudi konduring widodari ingkang asesilih Dewi Tara, ingkang dina iki lagi dicengkerem karo ratu guwa Kiskendhapura ingkang aran Maesasura lan Lembusura. Miturut panemunipun kakang, kuwajiban iki banget abot ya, Yayi. Mula kang saka iku, sira si adhi tak kanthi melua marang pun kakang, bisaa ngentheng-entheng marang jejibahanipun pun kakang, Yayi.”

Sugriwa           : “Ayo Kakang, tak dherekake pun Kakang, muga-muga pawadan lumantar dalan iki, sira klawan aku bisa ditampa tobate klawan sing agawe Jagad.”

Subali              : “Ayo Yayi, runtung-runtung klawan pun Kakang, Yayi.”

Subali              : “Sugriwa.”

Sugriwa           : “Apa Kakang Subali?”

Subali              : “Iki guwa Kiskendhapura, tunggunen aneng njaba, kakang tak lumebu mboyong Dewi Tara.”

(Subali kasil mboyong Dewi Tara)

Subali              : “Sugriwa.”

Sugriwa           : “Apa Kakang Subali?”

Subali              : “Maesasura klawan Lembusura kudu mati, mula pun kakang bakal lumebu maneh aneng madyaning guwa, mengko upamane ana swara pambengok seru, sira aja nganti daya-daya mlebu aneng sajeroning guwa nanging waspadakna ilining banyu ingkang metu saka guwa iki. Yen miline banyu kecampuran getih abang, ateges pun kakang ingkang menang, ratu buta loro pun mati. Nanging Yayi, kalamun sing metu campur banyu iki getih putih ateges pun kakang ingkang seda, Yayi. Si adhi ora usah nggatekake purna jasad kakang, tutupen lawange guwa, tamblegen nganggo watu kareben Maesasura Lembusura keblebegen kentekan napas aneng jeroning Guwa Kiskendhapura.”

Sugriwa           : “Oh Kakang, sing ngati-ati Kakang Subali.”

(Ana ing njero guwa, Maesasura ngamuk amarga kelangan Dewi Tara)

Maesasura       : “He… Lembusura.”

Lembusura      : “Kula, wonten dhawuh?”

Maesasura       : “Krungu sirine kae apa?”

Lembusura      : “Menika tandha bahaya.”

Maesasura       : “Bahaya eneng ngapa?”

Lembusura      : “Calon prameswari paduka tarog sampeyan ical, Sinuwun.”

Maesasura       : “Ilang! Eeeeh ladalah. Adhuh ora sida kawin ki cah. Ladalah. Andhungbiyak-andhungbiyak, mangkane wis tak sedhiakaken kasur sepringbered, sing kandele rong meter, hohoho. Patih!”

Lembusura      : “Nuwun.”

Maesasura       : “Asu koen.”

Lembusura      : “Kula kebo, sanes segawon.’

Maesasura       : “Ana ciri-cirine maling ingkang ndhusta Dewi Tara?

Lembusura      : “Saking tapakipun cetha menawi menika sipating kethek.”

Maesasura       : “Uuu ladalah. Jajal tak tutu tane dhewe kaya ngapa malinge he? Budhal!”

Lembusura      : “Oh nggih.”

Maesasura       : “Bangsat kowe!”

Maesasura       : “Kethek sapa jenengmu?”

Subali              : “Jenengku Subali.”

Maesasura       : “Aku Maesasura gantine malaikat benjabut nyawa ha. Huu hahaha. Balikna calon bojo Dewi Tara ha.”

Subali              : “Lakon tinggalen ndhasmu!”

Maesasura       : “Hloh. Gedhemu cilik dhuwurmu endhep sakepel dalap bebete, kenang sunguku saap, pecah ndhasmu koen aa.”

(Subali perang karo Maesasura lan Lembusura)

Subali              : “Wuss.”

Maesasura       : “Aaa. Uugh.”

Subali              : “Pancasona!”

Maesasura       : “Uaaaa!”

Subali              : “Aaa. Wusss.”

Lembusura      : “uaagh!”

Subali              : “Huaap!”

Lembusura      : “Huaaagh!”

(wusanane Maesasura lan Lembusura kalah perang klawan Subali, kalorone mati)

Subali              : “Modar kowe! Huahahaha yayi Sugriwa pun kakang menang yayi hahaha.”

(Ana ing sajabaning guwa)

Sugriwa           : “ Lho aku keprungu pambengok seru saka sajerone Guwa Kiskendhapura. Wadhuh jantungku tratapan dheg-dhegan. Lho tak enteni iline banyu. Lha iline banyu abang woo hahaha. Kakang Subali menang, kakang Subali menang! Lha! Iline banyu kok putih. Kakang Subali! Kowe seda kakang! Kakang aku bakal nglaksanakake amanatmu kakang. Tak tambale guwa iki kakang!”

(Sugriwa nutup guwa nganggo watu)

Sugriwa           : “Oh kakang Subali, ora ngira babar pisan panjenengan seda kakang.”

(Subali ning ngarep lawang guwa)

Subali              : “Huahaha yayi Sugriwa, pun kakang menang yayi haha. Ayo kondur menyang kahyangan yayi. Lho! Kenangapa lawange ditutup? Sugriwa kowe ndang ndang kelawan pun kakang kowe! Ora gupak pulut arep melu mangan ning kali, jagad sing ora trima. Lawange guwa ketaman aji pancasona! Sugriwa penghianat kowe!

(Subali mara ing kahyangan, nemuni Sugriwa)

Sugriwa           : “ Lho kakang!”

Subali              : “Sugriwa bajingan kowe. Lah lahing jagad,  paluspaning jagad mati ana ing tanganku kowe! Ayo Sugriwa tandhingana aku, ayo tandhingana aku!”

Resi Gotama   : “sareh-sareh Subali, sabar. Adhimu Sugriwa ora keliru, ora luput.”

Subali              : “Kanjeng Rama, paduka mbelani dhumateng yayi Sugriwa?”

Resi Gotama   : “Rungakna disik ngger, Subali. Adhimu ora keliru. Welingna madyaning Guwa Kiskendha klawan getih abang kakangmu sing menang, yen getihe putih ateges kowe sing seda. Nanging weruhana kuluk getih kuwi mau abang campur putih, ngertine adhimu kowe mati sampyuh ngger. Adhimu ora keliru. Saiki wis diwisuda dadi ratu ning kahyangan ngrabi Dewi Tara. Lan manehe kuluk gumun gelo pun bapa, kenangapa kowe kok wani semuji suci, ngaku getihe putih. Oh Subali tanpa guna kowe tarak tapa brata taun-taunan. Muspra pagaweanmu, mubadir pegaweanmu!”

Subali              : “Rama!”

Advertisements

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s